Tak lungguh ning jero kantin
Pesen wedhang karo kletikan
Tak sawang-sawang simbok kantin
Ana rasa kaya
simbok ngomah
Simbok kantin sing welas
asih
Dak rasa kaya
simbok sing dak kangeni
Simbok kantin sing
eseme manis
Dak rasa-rasa eling
simbok pengin nangis
Duh simbok
Trenyuh atiku
Tuh simbok
Kangen ragaku
Duh simbok
Kangen piwelingmu
Tidak ada komentar:
Posting Komentar