Saben bali dhukuh sing dak liwati gerbang omahmu
Aku mangkat sengseme ati
Riris ngancani aku bali
Njero kreta dak sawang angkasa biru
Pari sing ijo royo-royo
Ora kanthinan yen arep kepethuk nara
Ya nara sing sering gawe kalbuku bungah
Ririse rampung bagaskara teka ngiringi mlakune kreta
Ora krasa yen arep mudhun saka kreta
Sing sedurunge kreta iki ngliwati omahmu
Saka jroning atiku gunem
aku pengin ketemu
apa kowe iya?
Dak tunggu aku ning ngarep gerbang omahmu.
Halah iku mung gunemku mbiyen
Aja ngimpi, yen saiki ora kaya mbiyen
Dak liwati gerbang omahmu jebul ora ana manungsa sing dak
kenal
Kowe wis lunga saka panguripku
Kowe wis buang jenengku ning atimu
Kowe wis lali bali ku sing kanggo sliramu
Pedhot katresnan iku ngenes
Ning kalbu dadi nggrentes
Tidak ada komentar:
Posting Komentar