Rabu, 03 Desember 2014

Geguritan


Wih....
Ana tontonan gedhe
Sisih kiwa bakul jagung
Sisih tengen bakul es

Ana apa ya?..
Apa ana ya?..

Saka layar sing tinancep
Aku weruh sliramu karo kenya
Ndeprok sisih ngarep
Kaya wong sing duwe donya

Aku tansah mlayu golek panglipur
Nanging ora ana sing ngibur
Banjur aku kabur

Saka tontonan sing ngawur

Tidak ada komentar:

Posting Komentar