KETEMU SUWIRANING DAGING DENING CATHARINA
Is SARJOKO
Judul : Ketemu
Suwiraning Daging
Panyerat : Cathrina
Is Sarjoko utawane Nini Klenyem
Penerbit : Azzagrafika
Taun terbit :
2013
Jumlah halaman :
114
Raden Tumenggung Widyodadiningrat iku priyayi luhur
keturunan darah biru. Dhek mbiyen sedurunge pensiun ngasta ing kantor Paniti
Kisma, kagungan dalem Kraton Kasunanan Surakarta. Sawise pensiun, panjenengane
buka usaha batik ing daleme sing jembar. Saya akeh pesenan, kang saya akeh
tenaga sing mbantu usahane iku. Pelanggane sing padha tau mundhut padha ngalem
yen batike iku emang sae.
Ndara menggung iki kagungan putra siji sing jenenge Raden
Ajeng Wara Artanti. Asma ibune Raden Ajeng Retno Windarti asli saka sala
nanging kapundhut garwa Raden Tumenggung Widyodadiningrat saiki dadi Ibu
Menggung Widyodadiningrat. Ibu Menggung kagungan abdi wiwit dheweke isih enom
sing jenenge Mbok Ginah. Mbok Ginah iki melu dadi abdi wiwit enom lan sedurunge
dadi abdi ning keluargane Ndara Menggung dheweke dadi abdi ning keluargane Ibu
Menggung. Mbok Ginah dek mbiyen dijodohake dening abdine Ndara Menggung jenenge
Darno terus kagungan putra jenenge Raharjo. Wiwit cilik Harjo lan Wara Artanti
iki wis cedhak, wis kaya kakang adhi amargi Harjo iki luwih tuwa saka Wara
Artanti. Olehe Wara Artanti SMP Harjo wis lulus SMA nanging ora nglanjutake sekolah
maneh, dheweke milih kanggo ngrewangi ngong tuwane ning ndaleme Ndara Menggung.
Rama menggung emang ora mbedak-mbedaake antarane ndara karo batire. Sebabe wis
dianggep kaya keluargane dhewek, Mbok Ginah lan pak Darno iku dadi abdine wiwit
Ndara Menggung jaka nganti saiki.
Dening Rama Menggung, Harjo ditawari neruaske kuliah apa
trima njupuk kursus. Harjo matur yen arep ajar nyopir ben bisa ngrewangi
bapakne makarya. Akhire panjalukane Harjo dituruti Harjo dicekeli mobil kanggo
ngrewangi usahane Ndara Menggung kanggo ngeterake bathik ning
pelanggan-pelanggane. Saiki tugase bapakne wis digantikake dening anake.
Harjito pancen bocah sing sregep, senajan anake cekatan ora gampang ngeluh.
Rama Menggung mirsani yen Harjo gampang tanggep dheweke bisa melu mbantu
perusahaan batike.
Tresna iku pancen kodrate wong urip, Artanti nyawang
Raharjo iku ora bakal jeleh. Amarga dheweke ngrasa beda karo Harjo. Ana rasa
tresna karo abdine iku, wiwit saka cilik nganti saiki Artanti wis dewasa nembe
iki rasa sing dirasakake beda marang dheweke. Sebab wis padha-padha dewasane
ngerti sing jenenge katresnan. Artanti sering merhatikake Harjo deweke saya ana
rasa.
R.A Retno Harjanti iku anake K.R.T Purbo Kusuma tekdih
bebrayan kalian Ndara Menggung. K.R.T Purbo Kusuma iki adine Ndara Menggung
merga anake iku isa dijenengi adine Artanti. Paseduluranne mau memang raket
wiwit mbiyen, uga anak-anake kang kaya kakang adhi kandung. Ajeng Janti iki wis
lulus saka SMA arep nerusake kuliyah dene Artanti teksih ning bangku SMA. Ajeng
Janti iki arep njupuk fakultas ekonomi sebabe mbesuke yen wis lulus arep
nerusake usahane keluargane iku.
Sawijining dina Wara Artanti lan Harjo budhal saka daleme
Rama Purbo sing ning Bojonegara. Wara Artanti lan Harjo banjur ngobrol guyon
biasa ning mobil. Senajan Harjo nyopiri nanging bisa dijak guyon dening Wara
Artanti. Banjur Wara Artanti ngomong yen dheweke tresna marang Harjo. Harjo
mung dadi abdi ning daleme ngrasa pakewuh yen nampa katresnane majikane iku,
nanging dheweke uga tresna wiwit cilik ngemong nganti saiki. Rasa tresnane iku
sejen dudu tresna kaya kakang adhi namung tresna kepengin bebarengan terus.
Banjur Artanti ngomong yen dheweke ora mandeng Harjo iku abdine, ora ana
tingkatan ning hubungane iku. Akhire padha-padha janji bkatresnan ora ana
tingkatan abdi lan bendarane. Harjo ora kena basa meneh yen ngomong karo Wara
Artanti. Tapi sajake pakewuh yen ora bsa, rumangsa wis kulina ning ndalem Agung
iku karo bendarane kudu basa. Katresnan iku sing ngerti mung wong loro sing
lagi kasmaran.
Sadina-dinane Wara Artanti iku kepengin cedhak terus karo
kekasihe. Dheweke beruntung bisa ngrewangi perusahaane Ramane ya uga kepengin
cedhak karo Harjo. Wong loro iku pasangan kang nguntungake, bisa nganggo
kerjasama mbangun usahane iku selak maju.
Wengi iku bubar Harjo kerja awake kesel arep turu nanging
sedurunge turu Harjo iku sinau disik ora ketang ngapalake utawane maca buku.
Pancen dheweke ulet ,ora seneng ngeluh. Sajege Harjo iku dikon kursus bahasa
Inggris lan khursus dagang dheweke saya sregep. Harjo ngrasa temenanan nyinauni
iku. Ana untunge Harjo nyinauni bahasa Inggris sebabe akeh tamu manca sing
sering teka mborong batike iku lan dheweke ya kudu bisa nglayani nganggo bahasa
Inggris. Wengi iku Artanti kepengin nemen terus cedhak Harjo, dhweke niliki
kamare Harjo sing isih padang lampune sajake Harjo durung turu. Dheweke marani
Harjo lan nyikep saka mburi kanthi kenceng Harjo ya mbales sikepane Artanti,
senajan dheweke ngerti yen kekasihe kuwi lagi kepengin cedhak terus. Wong loro
iku banjur nglakokake apa sing ora kena dilakokake sebabe padha-padha lagi
katresnan lan nepsu.
Wiwit kedadean bengi kuwi Artanti wis wani marani kamare
Harjo kanggo seneng-seneng maneh. Saben wengi Artanti ora bisa turu yen durung
cedhak Harjo. Harjo ya ngerti karepe kekasihe iku, dheweke mung manut
kekarepane. Rumangsa Harjo iku lanang normal nepsune iku ya ketumutan yen
Artanti njaluk. Sawijining dina Rama Menggung lan Ibu Menggung lunga seminggu
lawase, ning dalem mung ana Artanti dhewekan. Artanti nduwe pikiran yen karepe
dikancani turu karo Harjo. Mung Harjo pakewuh sebabe iku dalem Ageng mbok menawa
Mbok Ginah ngerti apa kang anake lakoni karo bendarane iku ora cetha. Nanging Artanti
meksa kanggo njaluke dikancani. Wiwit ndarane lunga Harjo turu karo Artanti
layake wong wis rabi.
Wis sewulan kepungkur dheweke nglakokake iku karo Harjo
nanging tamu wulanane isih tetep teka. Barang wulang wis telung wulan dheweke
ngrasa yen awake saya ora beres, lan nembe ngrasa wis ngandeg. Artanti bingung
olehe kepriye, nanging kabeh iku bukti tresnane marang kekasihe apa wae gelem
dilakoni. Artanti ngomong maring Harjo yen dheweke lagi ngandhut anake. Harjo
mung bersyukur nanging dheweke bingung olehe ngomong marang ndarane iku. Harjo
tetep arep tanggung jawab ya iku emang kewajibane. Nanging Harjo mung bisa ya
nunggu wae kapan wektune mesti konangan. Nanging sajake Artanti kondisi awake
saya mudhun, mergane wong ngandhut iku butuh stamina kang cukup kanggo jabang
bayine iku.
Kondisi kesehatane Artanti sang saya medhun dheweke kerep
tiba banjur dibopong dening Harjo menyang kamare. Ngerti ndarane lara iku Pak Darno langsung
mara ning garasi arep menyang Dokter Husada yaiku dokter keluarga Tumenggung.
Darno iku wing tuwa trampile nyopiri sang saya mudhun ora kaya dek mbiyen
jamane isih enom. Mripate ya sang saya lamur. Dheweke nyopir nganti ati-ati
nanging barang tekan daleme Dokter Husada iku dheweke nabrak tugu semen cokotan
pintu gerbang. Wong-wong sing ana ning cedhak dalan iku padha mara ana apa iku.
Uga Dokter Husada sing ning njero omahe langsung mara apa sing lagi kedadean
ning ngarep omahe. Jebul Darno abdine Raden Tumenggung, ngerti yen kondisine
Darno iku mudhun dokter iku langsung nggawa menyang rumah sakit sebabe
alat-alat kedhokteran kang lengkap iku ning rumah sakit. Sak tekane ning ruang
gawat darurat jebul Darno wis kapundhut sing duwe urip. Niate arep nulungi
bendarabe sing lagi lara malah dheweke marani ajale. Umure manungsa iku ora ana
sing ngerti kapan tekane.
Ngerti yen bojone iku ora ana Mbok Ginah langsung semaput
ora nyana yen bojone iku wis ora karo dheweke selawase. Padahal esuk mau isih gegojegan
bareng, kerja biasa sadina-dinane jebule mbengine ora ana. Mbok Ginah lan Harjo
mung bisa nampi apa kersane sing duwe urip. Kebeh iku kangunane sing duwe urip.
Ngerti yen kekasihe lagi kelangan bapake utawane simbah sing bakal nduweni putu
sing dikandhut dheweke Artanti ya melu trenyuh. Apa maneh Darno nemoke ajale
kanggo nulungi Artanti sing lagi lara, dheweke ngrasa elom banget. Keluarga
Tumenggu uga ngrasaake duka padha karo sing dirasaake Mbok Ginah lan Harjo. Iku
sing diarani paseduluran. Kabeh iku bedha sajege Darno ora ana.
Pitung dina kepungkur sedane pak Darno kondisine Artanti
iku saya mudhun akhire Rama Menggung jan Ibu Menggung nduweni niatan kanggo
nggawa Artanti menyang dokter. Atine Artanti sang saya degdegan merga iki kabeh
arep konangan yen dheweke iki lara sebabe lagi ngandhut. Jebul Dokter Husada
sing wis mriksa Artanti matur yen diakehi mangan lan istirahat kang cukup ora
ngomong yen Artanti lagi ngandhut. Telung dina kepungkur sak wise digawa
menyang Dokter Husada Arantanti durung ana perubahan, akhire Rama lan Ibu
Menggung khawatir karo anake. Ora pikir suwe dheweke langsung nggawa maneh ning
Dokter Husada supaya ngerti apa penyakite iku. Dokter Husada arep mangsuli apa
sing sebenere. Akhire matur kaliyan Ibu Menggung yen Artanti ngandeg wetarane
patang sasi. Ibu Menggung langsung kaget ngerti anake iku jebul lagi ngandeg,
tanpa pikir suwe Ibu Menggung balik menyang dalem piyambakan. Rama Menggung
kaget apa sing wis kedadean iku mau. Artanti mung bisa pasrah yen kahanane iku
wis dingerteni dening wong tuwane. Tinggal Harjo bae bisa matur sing bener karo
Rama lan Ibune ora.
Kabeh sak keluarga Ndara Menggung wis padha ngerti yen
Artanti ngandeg anake Harjo. Ndara Menggung iku murka yen ngenani anake ngono.
Harjo dimaki-maki lan ditundung ora oleh ketemu. Harjo ngerti yen bendarane iku
lagi ora bombong atine yen wis bombong nembe dheweke ngomong arep tanggung
jawab lan langsung rabi anake iku mau nanging iku menawi Ndara Menggung kersa. Nanging
murkane Ndara menggung iku isih kepikiran dening Harjo. Banjur Harjo cilik ati
dheweke ngira yen Ndara Menggung ora nampi dheweke dadi mantune, sebabe dheweke
mung abdi. Pikirane Harjo mung cetek, dheweke banjur lunga ngadohi dalem
Katumenggungan supaya pikirane tenang. Jebul Harjo numpaki bis jurusan Cirebon,
dheweke mung ngandeli yen ana pelanggane sing ning Cirebon langsung mara wae
ning tokone. Jebule dhewek diterima dadi pelayan ning tokone iku alesane ning
tokone dek mbiyen iku wis bangkrut. Dadi saiki Harjo nduweni gawean timbang
nganggur ora nggenah.
Saya suwe Harjo ning kono, Harjo saya penak uripe nanging
bojone Pak Sabar iku demen karo Harjo. Suwe dheweke karo bojone iku ora duwe
momongan, Bu Sabar akhire maksa Harjo kanggo nandur benih ning wetenge iku. Bu
Sabar wis selak kepengin nduwe momongan. Harjo ya ngrawa welas akhire gelem.
Wis suwe Harjo iku anggone melu ning tokone Pak Sabar
dheweke ewuh yen isih melu Pak Sabar rumangsa nglakoake dosa sing gedhe karo
bojone iku. Akhire matur kalih Pak Sabar yen dheweke arep mulih menyang Sala,
nanging ning bis Harjo ketemu karo bapak-bapak sing arep ngejak dheweke
dagangan maneh. Dheweke dijak ning Yogya dodolan toko kelonthong. Sing nduwe toko klongthong iku Pak Slamet,
senajan usahane mung cilik-cilikan nanging Harjo gelem ngrewangi. Dheweke nemu
juragan anyar. Pak Slamet nduwe anak jenenge Karsih. Karsih kuwi persis karo
Artanti di deleng saka rupane, polahe, lan pintere pancen mirip karo Artanti.
Nanging kepriye ya kabare Artanti lan keluarga ning Katumenggungan. Iku sing
dipikirke Harjo sajake melu Pak Slamet.
Katumenggungan rasane saya ora beres sajege Harjo lunga.
Kabeh dadi keteteran, saka usaha batik sing dikelola Harjo nganti priye nasibe
Artanti kang ngandhut anake lan sampe seprene durung ketemu karo bapake.
Rumangsa kandungane Artanti iku saya tuwa dheweke njaluk yen babaran ning
Bojonegara supaya ora dadi wirang keluarga Tumenggung sebabe ana anak ora duwe
bapak. Rama Menggung lan Ibu menggung saya ringkih, mikirake nasib anake mau.
Nganti Rama Menggung bolan-balen mlebu rumah sakit kang ngadepi penyakit tua.
Akhire Rama Menggung nemoni ajale ning rumah sakit. Iku mergane dheweke lara
karna tekanan batin. Ora let suwe Artanti arep babaran ning Bojonegara nangin
Ibu Menggung ora bisa ngancani anake babaran sebab dheweke ora kuat ning
perjalanan. Ibu Menggung lan Mbok Ginah sing manggoni dalem Katumenggungan
khawatir nunggu kabar wis babaran durung putu pertamane iku nganti gerahe Ibu
Menggung kumat. Ibu Menggung ngarasa dadane iku sesek ora let suwe nyawane wis
ora ana pas ana kabar yen Artanti wis babaran bayine wadon. Kabeh iku wis
diatur saka Sang Maha Kuasa. Arep seneng apa duka yen nyatane kedadeyane ngono.
Kabeh-kabeh kudu nampi apa sing wis tinitah dening Sang Gusti.
Wis limang taun kepungkur anake Artanti sang saya gedhe
dheweke wis bisa nerusake usahane keluargane iku sing wis tutup wiwit kedadean
suram iku. Nanging nganti anake gedhe Artanti isih wae dheweken ngenteni Harjo
teka marang dheweke iku. Anake Artanti dijenengi Ayunintyas. Sepadane iku Harjo
wis rabi karo anake Pak Slamet sing jenenge Karsih. Nduweni anak wadon sing
dijenengi Wanti. Jebule Karsih lan Wara Artanti iku padha-padha bakul sing
dodolan bathik merga wis kenal banget. Nganti Wanti lan Ayu iku kaya kakang
adi.
Karsih lagi ngandhut anak ke lorone saka Harjo. Banjur
pas babaran nyawa lan bayine iku ora bisa slamet amarga dek Karsih ora kuat pas
babaran iku. Krungu lelayu yen pelanggane iku seda Wara Artanti iku langsung
marani jebul iku kakang Harjo sing wiwit mbiyen ditunggu, Ayu lan Widya iku
seduluran tunggal bapak.
Novel iki keperangan
dadi pirang-pirang bab yakuwi Ndalem Widyodiningratan, Bathik Laweyan, Sangisor
Akasia, Melik Nggendhong Lali, Winih Semi, Badharing Wadi, Pidak Pedakaran,
Jabang Bayi, Suruding Bagaskara, lan Ketemu Suwiraning Daging.
Miturut aku novel ini
nduweni amanat sing apik kanggo pasinanone awake dhewe. Saka hubungane Artanti
lan Harjo sing bendara karo abdine yen pancen iku kekarepanne mbok ya matur
kalih Rama Menggung yen padha-padha saling tresnane. Rama Menggung ya mesti
ngerteni yen Harjo iku bocahe pancen ulet ora tau ngeluh. Nanging Harjone wae
nduweni pikiran buntu. Ndadekake kabeh ning keluarga Katumenggungan rusak. Saka
lungane Harjo iki dheweke bejo terus olehe golek gawean. Apa sing dilakoni
Harjo iku pancen kepinterane dhewe ngadepi wong-wong. Saka kudune Harjo
mikir-mikir dhisik supaya tindakane iku nduweni arah kang cetha ora dadi
wirange wong. Penulis rada nganggo perasaan yen nulis novel iki mula pembaca
kang bisa ngrasaake perjalanan uripe Harjo lan Artanti. Gawe pembaca greget pas
maca iku priye jalan ceritane Harjo mau. Kanggo penulis wis berhasil nggawe
novel sing bobot, bibit, lan bebet jalan ceritane kuwi pas. Iku menurute aku.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar