Petungan
kathah sakedhikipun rejeki miturut umuring tyang
Petungane mekaten : Umuring tyahng dipun bage kados
sacararing mantha-mantha aksara jawi 20. Lajeng dipun petang: 1. Sri , 2. Tiba , 3. Lungguh , 4. Marem , 5.
Pangeran
Umpami tiyang umuripun 23 taun. Angka 23 kapendhet 4 x 5
(aksara jawa 20 kapontho 4 golongan, saben golongan isi 5 aksara) : taksih
wonten tirahipun angka 3, angka 3 punika dipun petangi : 1. Sri , 2. Tiba , 3.
Lungguh = dhawah petang lungguh. Wondene tegesipun petang lungguh punika
mekaten =; senadyan tiyang mau nandhang sangsara, nanging meksa taksih angsal
pangayoman sawatawis, upamanipun tiyang dhawah makaten namung dhawah linggih,
dados boten dhawah klumah, mila rekaosipun boten sanget-sanget.
Tegesipun petang sanes-sanesipun kados ing ngandhap
punika :
1.
Sri : sadaya ingkang dipun tindakaken sarwi
mikantuki
2.
Tiba : sadaya ingkang dipun tindakaken sarwi
boten kaleresan, anjalari tiyang wau kadhungsang-dhungsang utawi tansah
kesandhung pakewet.
3.
Lungguh : sadaya ingkang dipun tindakaken
tansah angsal margi gampil, sanadyan manggih pakewed, taksih saged manggih
pangayoman utawi panglipur.
4.
Marem :
sadaya ingkang dipun tindakaken tansah angsal panjuruning tiyang sanes,
mila inggih klayan sakeca kemawon sampun saged angsal kamareman.
5.
Paugeran :
sadaya ingkang dipun tindakaken sanget mikantuki boten namung tumrap
dhiri pribadi, nanging ugi tumraping sasaminipun gesang.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar