Rabu, 10 Desember 2014

KATRESNAN KANG ANGKER DENING PENI

KATRESNAN KANG ANGKER DENING PENI

Judul                           : Katresnan Kang Angker
Panyerat                      : Peni
Penerbit                       : Elmatera
Taun terbit                   : 2014
Jumlah halaman         : 102
Neni bocah sing ayu, anake wong sugih iku pancen miket atine wong lanang kang sapa wae sing cedhak marang dheweke. Tapi Neni iku bocah sing nduweni katresnan kang teguh marang wong lanang sing dheweke seneng contohe abimanyu. Pas iku Neni, Tanti, lan Tamardikin iku janjian arep menyang perta bareng-bareng. Nanging, sing ditunggu-tunggu ora teka Neni ora gelem menyang pesta. Sing ditunggu-tunggu iku Abimanyu bocah sing ditresnani. Neni gelo rasane, wis dandan ayu-ayu nanging sing ditunggu ora kerep teka. Akhire sing lunga mung sepasang mau, yaiku Tanti lan Tamardikin.
Pitarta priya kang asale saka Sragen dheweke ana rasa karo Neni. Pas malem minggu Neni ora sida pasangan karo Abimanyu sidane Neni lunga karo Pitarta menyang pasar malem. Soale wis kadung dheweke dandanan ayu masa ora lunga. Jebul ketemu Abimanyu ning pasar malem karo wong wadon. Iku gawe atnie Neni gelo, ngapa dheweke ngingkari janji menyang pesta bareng malah lunga karo wong wadon liya. Neni iya emang lunga karo Pitarta nanging itu sebabe dheweke kadung gelo marang Abimanyu sing ora sida lunga bareng menyang pesta.
Pitarta iku penulis sing sregep ngirimi karyane menyang majalah. Kabeh karyane sering keamot ning majalah. Malah Pitarta sering menehi Neni karyane iku nanging Neni jarang maca. Pitarta sening ngejak Neni dolan mendi wae, iku sing ndadekake bungahing atine Neni. Sajake Neni uga tresna karo Abimanyu nanging ora ana tanggapan sing cetha. Mesthi dheweke ora digagas yen anggone janjian ora tau di tanggepi. Sajake Pitarta iku pancen tresna karo Neni sebabe Neni uku bocahe seneng yen dijak mrena-mrene. Kanggo ngobati rasa gelone yen lagi dhewekan. Pitarta mung bisa pangarepan yen Neni ora bisa tresna marang dheweke iku.
Tanti lan Tamardikin iku pancen pasangan kang raket saya mbiyen nanging tresnane dheweke dipisahake sebabe Tanti seda amarga kecelakaan. Tanti ngraketna hubungane Neni lan Tamardikin iku penjaluke sing terakhir, nanging Neni ora duweni pangrasan sing luwih marang Tamardikin. Iku sebabe Neni durung bisa nresnani tunangane mitrane iku. Tanti wis menehi amanat yen Neni iku bocah sing lugu, apikan, lan gampang cedha karo sapa wae. Pancen pantes yen karo Tamardiki. Tamardikin ya mung bisa nampani apa sing dadi kekarepane calon bojone iku kang terakhir. Suwe-suwe Tamardikin lan Neni nduwe rasa tresna. Nganti tekan rabi Neni kagungan putra kalih. Neni pakewuh yen isih urip manggon ning omahe bapak ibu ne. Deweke kepengin yen pisa saka omah kuwe ben bisa mandiri lan bisa bebas. Tamardikin gawene mung ngajar biasa olehe gaji ora akeh. Dadi mung bisa nyaguhi kecukupane keluargane tok. Nanging Tamardikin iki pancen imam sing apikan, dheweke kudu tanggung jawab gawe keluargane seneng. Akhire Tamardikin bisa mboyong keluarga cilike menyang omah cilik sing cukup kanggo keluargane sadina-dinane. Omahe kuwi tangganan karo Pitarta. Pancen ngono wong sing nggoleki omahe iku ya Pitarta. Ana untunge Pitarta ya bisa saben dina dolan ning nggone Neni ora ketang ndolani anake. Neni ya uga bisa dadi paseduluran kanggo ngancani mboke Pitarta sing wis sepuh.
Sawijining dina Neni ketekan tamu adoh, rupane manglingi jebul sing teka iku Abimanyu. Abimanyu berubah apa Neni wis suwe ora ketemu dadine pangling ketoke. Wiwit Neni rabi iku Abimayu ora teka. Padahal Neni ngarep-arepi yen Abimanyu teka pas nikahane kuwi karo Tamardikin. Nanging malah ora ana kabar blas. Tujuane Abimanyu mara ing omahe Neni yaiku meh njelasake perasaane sing dek mbiyen ana. Jebul Abimanyu uga tresna karo Neni. Dheweke ora teka pas Neni rabi merga mbokan ngrusak acarane Neni. Akhire dheweke lunga adoh menyang luar negeri karepe ben ora ngeling-elingake Neni iku. Neni mung gelo atine ngapa ora jejodhohan wae karo Abimanyu dek mbiyen kae. Wong padha-padha tresnane kok, nanging pas kuwi Neni ngertine yen Abimanyu malah arep ngadohi awake iku. Mula Neni ora gelem ngarep-arep meneh sing arane Abimanyu iku.
Pitarta iku marani menyang omahe Neni nakoni sapa wong kanang sing gagah mau saka omahe. Jebul Abimanyu, Pitarta mung melingake yen abimanyu marani omahe meneh. Pitarta iki penjagane Neni yen Tamardikin iki lagi kerja. Merga dheweke iki njaga temenanan. Pitarta anggone dhewekan iku nggawe mboke sedih, dadine dheweke golek bojo. Jebul ana bocah wadon sing marani dheweke cerita tentang masalahe iku. Pitarta ora bisa mangsuli apa karepe iku. Nanging Pitarta ngrasa welas asih marang bocah iku dadine dheweke gelem tanggung jawab  dadi bapake bayi sing dikandung mau. Ora ana peta kang meriah nanging sederhana iku cukup kanggo Pitarta olehe rabi. Ora kaya gambarane dhek mbiyen yen kekarepane rabi iku pesta sing pertama sing paling endah selama urip. Bocah Wadon iku jebule Reti sing pernah ketemu ning pasar malem.
Sawise Pitata rabi karo Reti uripe saya apikan. Pitarta tanggung jawab wis dadi kaya bapak sing nggal dinane kudu golek rejeki kanggo anak lan bojone. Pancen Pitarta iki bocah ulet lan ora tau nyusahake uwong. Sing dadi bojone Pitarta beruntung banget olehe bojo ngono. Wiwit iku Abimanyu marani omahe Neni maneh nanging tujuane arep pamit yen dheweke arep lunga berkelana maneh sebab dheweke wis kadung gelo ngerti Neni iku wis dirabi dening kancane dhewe. Abimanyu pamit arep menyang luar negeri golek ketenangan, mbok menawa mbesuk dheweke oleh jodho ngana dhewek pasrah. Barang wis metu saka omahe Neni, Neni ning njero kamar lagi nuroni anake krungu ribut-ribut ning ngarep omahe jebul iku Pitarta karo Abimanyu gelut. Abimanyu mati dibunuh Pitarta, sebabe Pitarta ora gelem yen Neni iku digangguni maneh dening Abimanyu. Pitarta arep ngelindungi Neni senajan Neni lan dheweke wis rabi Pitarta bisa njaga paseduluran iku. Mas Tamardikin sing misahi wong loro iku nanging emosine Pitarta wis ora karuan nganti mateni wong. Pitarta dipenjara banjur nyeritaake jebul anak sing dikandut bojone iku bapake Abimanyu, nanging Abimanyu ora tanggung jawab mula Pitarta murka. Kabeh kedadean iku disebabake pada-pada tresnane karo Neni.
Novel iki keperangan dadi pirang-pirang bab Kobongan Ati, Lilih, Dadi Wargane Masyarakat, Tanti Pacangan, Oleh-oleh saka Jogja, Golek Katrangan, Kedadean Kang Ngeres-eresi, Donyane wong jejodhohan, lan Pituwase Sakatathing Katresnan.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar