Rabu, 03 Desember 2014


6 Agustus 2014
Aku mara ing omahmu
Gawa sekotak bolu angkane 18
bolu coklat sing endah
rasane legi kaya tresnaku iki
kanggo kowe sing pancen
lagi nambah umur
ning omahmu katon rame
aku isin nalikane lampahku tumuju mrana
ana bapa biyungmu njejeri aku
takon sapa asmaku
saka ngendi omahku
aku bingung mangsuli apa
durung kulina ketemu karo bapa biyunge
banjur aku wani mangsuli
eh jebul bapa biyungmu ngerti aku
yen aku pepujan atine anake
aku ngrasa bungah

ngrasa yen wis bebrayan

Tidak ada komentar:

Posting Komentar