kadang kala aku kangen kowe
kadang kala aku judeg marang kowe
nanging dak akoni aku isih tresna
lho tresna?
Iya aku isih tresna
kanggo kowe sing pernah ana ning ati
pedhot katresnan aku lila
nanging aja medhotake paseduluran
sapa ngerti Gusti Agung maringi dalan
dalan kanggo aku lan kowe maneh
apa kowe sadar ?
dhuh Gusti, apa aku isih ana nin pikiran?
Aku amung bisa ndonga
Ndonga karo sing nuwuhake katresnan
Supaya bisa sesambungan maneh
Tidak ada komentar:
Posting Komentar