Rama iki aku bocah sing kok timang mbiyen
Rama iki aku bocah sing kok sayang mbiyen
Rama iki aku bocah
sing kok dulang mbiyen
Rama iki aku bocah sing kok arep ake
Aku iki bocah sing kok sabet
Aku iki bocah sing kok didik
Lan aku iki bocah sing kok banggake
Nanging saiki aku
wis duwe rasa isin
Nanging saiki aku wis duwe rasa tresna
Nanging saiki aku
wis duwe panguripan dewe
Nanging saiki aku wis adoh marang ramaku
Rama pangapurane awaku iki sing tak laleke
Rama pangapurane awaku iki sing tak acuhke
Nanging aku tresna ramaku
Nanging aku tresna ramaku
Tidak ada komentar:
Posting Komentar