saiki langite katon
sumilak
ing ngisor payon
iki aku ngiyub
jebule panas benter
gak aku gigrik
iki agawe kulitku
kaya tinebus jlaga
nalika kaya mangkene aku
eling lelakon uripku
ora bisa nglaleke nalika
isih bocah
pancen umurku saiki wes
ora sitik
eling tresnane wong
tuwaku
mbiyen kulina ngundang
aku
banjur nyukupi
kebutuhanku
eling yen ngganteni
sandhanganku
rasane pengin bales
jasane wong tuwa
Tidak ada komentar:
Posting Komentar