Wiwit esuk tekan sore
Ngasta pulpen kanggo ngebaki kertas
Saka ati tinulis layang kanggo sing ning sabrang
Drijiku obah ora ana leren
Kang ngerteni isi atiku
Krungu swarane manuk sing ngancani aku dina iki
Iline banyu nganyutke prasaanku nulis layang
Saka layang iki aku nulis kanggo kowe
Wong sabrang sing dak kangeni
sing ora bisa gathuk ketemu rai
sing ora bisa ngrasakake katresnane
senajan namung bisa nulis layang
rasa jroning dada ngeplong
kaya dene bisa nyikep awakmu
nanging pangarepanku, ketemu kowe ora bisa ilang
ngenteni dina sing dadi seksi tresnaku
sesuwek kertas kanggo nguncalke rasa ning dada
ben sirna kegawa angin nembus lintang
sapa ngerti saka angin kowe ngrasa..
wes suwi rasa iki ana
mendem rasa kangen marang kowe
iya kowe... wong sabrang
banjur piye kertas iki
kekecewaan menga
Arep dak titipke iline banyu, ben bisa tekan omahmu
Apa dak titipke manuk, ben bisa mabur tekan omahmu ?
Tidak ada komentar:
Posting Komentar