Novel Duraka karyane Any Asmara nyritakake
babagan keluarga Pak Siswanto sing anggota keluargane yaiku Bu
Siswanto,Maryanta,Martati, lan Mbah putrine. Keluarga Pak Siswanto iki keluarga
sederhana lan ayem tentrem. Sawijining dina keluarga Pak Siswanto dimein cobaan
karo Sang Gusti. Pak Siswanto iki ditokke menyang pegaweane, tegese ora nduweni
gawean. Sak keluarga bingung olehe kepriye kanggo nyambung urip. Bejone Maryanta
oleh panggilan kerja ning Djakarta. Panggilan kanggo makarya ning Djakarta.
Tapi olehe nyambut gawe hasile ora dikei marang wongtuwane. Dadine keluargane
iku san saya mlarat. Prabotan umah resik didol kanggo nyambung urip. Limang
taun kapungkur Maryanta wis omah-omah, bebojoan, oleh randa sugih. Wong tuane
ora ngerti apa sing dikarepke anake iku. Mung pasrah olehe mein keputusan,
sekarepe anake. Wiwit nyambut gawe tekan omah-omah, Maryanta durung tau tilik
wong tuawane babar pisan, apa meneh mbantu panguripane wongtuwane lan adi
wadone.Tapi Pak Sis lan Bu Sis bersyukur marang Gustine soale anake lanang wis
bisa urip mandiri. Pak Sis lara kang rada abot, mudun saka amben ora bisa,
mangan lan ngombe ora gelem. Golekna dokter kanggo nambani awak ora ana sing
mbantu. Bu sis lan Martati mung bisa nagis kanggo njaluk tulung marang Maryanta
kanggo mbiyantu bapake sing lagi gerah. Nanging ora ana respon saka Maryanta.
Sawijining dina
Maryanta teka maring omah. Wolung taun lawase ora niliki omah. Maryanta bali
kanggo ngrumat bapake sing lagi gerah. Martati bungah sebabe sedulure lanang
iku bali. Dina sedurunge bali Maryanta ngomong kalih wong tuwane kareben
Martati supaya melu karo deweke supaya kenal karo mbakyu ipare, lan gelem
mbantu-mbantu. Ben bebane wong tuwa ringan. Pak Sis lan Bu sis mung bisa
mantuk-mantuk lan nuturake ben aja pedot sedulurane lan ngati-ati njaga adi
wadon sing wis umure dewasa. Kardinah, utawa aran Kotane Rita Komalasari iku
jenenge bojone Maryanta. Randha kaping telu tur sugih. Kardinah seneng yen
Martati neng Djakarta. Kareben isa mbantu-mbantu nyambut gawe. Tapi nyambut
gawene Martati ora sepadan karo sing liyane. Umbah-umbah, resik-resik kamare
Kardinah iku gaweane Martati. Sawijining dina, Kardinah lan Maryanta padu
mbahas ilange duwit lan perhiasane Kardinah. Martati diundang kanggo njelaske
apa sing dimasalahke.Martati ditakoni Maryanta apa kowe njukut perhiasan lan
duwite Kardinah. Martati jawab jujur apa anane. Soale sing dipasrahke kunci
utawane sing dipercaya kunci lemarine Kardinah ya Martati. Kardinah ngarepke
yen para rewange sanggup kanggu di gledah. Papan panggonan, koper, lemari,
utawa dipane dipriksa. Pas ning tase Martati, Maryanta nemukke duwit, perhiasan
lan barang berhargane Kardinah. Maryanta ora percaya yen adine dewe sing
njupuk, saking nesune karo Martati, Maryanta ngusir Martati saka omahe.
Pak Sis
mbengi-mbengi teka marang omahe Maryanta kanggo njupuk Martati soale arep
dilamar karo wong. Maryanta mangsuli yen Martati wis lepas saka tanggung
jawabe. Pak Sis nesu yen apa sing dilakoni Maryanta maring adi wadone. Pak Sis
nggoleki anak wadone dewekan. Telung wulan lawase Maryanta ditinggal lunga
dening Kardina tanpa alasan. Ujug-ujug surat cerei Kardinah tekan nggone
Maryanta. Maryanta sadar yen apa sing dilakoni marang adi wadoni iki duraka.
Sedurunge bapake lan ibune ngelingake supaya njaga aja nganti pedot
pasedulurane. Maryanta njaluk ngapura marang adi wadone, Martati pancen bocah
apikan wis ngapurani.
Aspek yang menonjol
iku sing manggon ning babagan pangelinge wong tuwa marang anak lanange supaya
njaga aja nganti pedot pasedulurane. Apa maneh iku adi wadon sing kudu dijaga.
Ing wayah pangeling iku ora mbok ngerteni utawane ora mbok gugu malah awake
dewe kena durakane. Pas Maryanta iku ngusir adi kandunge Martati sing omahe,
telung wulan sakwise Maryanta di tinggal lunga dening bojone. Iku sing arane
durakan.
Pak Djenggot Tilas Heiho, novel kang nyritakake Kartono utawa Pak Amat, kang
kondhang dadi violist lan uga seneng dolanan biola. Kala semana Pak Amat dadi
tentara Heiho. Nanging bubar perang, ditinggal anak lan bojone amarga wis
dianggep mati ing perang. Tekan
ing sawijining dina, ora dinuga Pak Amat ketemu karo anake ing pasar daerah
Jogja. Anake ngampiri Pak Amat kang dodolan biola. Atine ngrasa pengen
nggatekake bocah prawankang jenenge Indrijati mau. Atine Pak Amat ora tenang
nalika ana grombolan wong kang nyulikani kang ngetutake Indrijati terus. Ora
mikir dhawa, Pak Amat nulungi Indrijati, nadyan dheweke ngorbanake awake dhewe.
Pak Amat lunga karo nggawa Indrijati tumrap nglindhungi Indrijati. Ora dinuga
polatane Pak Amat mau ndadekake Pak Amat ketemu karo kanca lawase rikala ning
Heiho, yaiku Ponijan. Indrijati, ngajak Pak Amat mulih menyang omahe ing
Bandung. Batine Pak Amat ora karu-karuan rasane, nalika reti bojone wis nduwe
bojo meneh lan ora ngenali Pak Amat babar blas. Pak Amat namung bisa anteng lan
meneng nadyan ati lan ragane lara. Saya suwe awake Pak Amat saya kuru,
paningake wis ilang siji, tilas babak ing pipi tengen katutup karo jenggot kang
kandel. Kesehatane saya suwe saya medeni, ora karu-karuan rasa ing atine Pak
Amat saya krasa. Kanggo nglipur atine Pak Amat banjur nyandhak biola ing dhuwur
meja, banjur kanthi sedhih Pak Amat dolanan biola. Krungu suara biola kang
digesek dening Pak Amat, bojone krasa menawa Pak Amat ana ing kono, nanging ora
percaya amarga Pak Amat wis seda. Ora sengaja, luhe Pak Amat tinetes, nelesi
pipi tuwane Pak Amat, ing panggonan liya bojone Pak Amat namung meneng lan
kaget. Ora let suwe, amrga keadaane Pak Amat saya parah, Pak Amat banjur digawa
menyang rumah sakit. Nalika ing rumah sakit, Indrijati gemati banget marang Pak
Amat. Ing rumah sakit idhentitase Pak Amat kebukak, Indrijati reti yen Pak Amat
kuwi bapake sing asli. Pak Amat seda ing kekepane Indrijati kang dikancani
Ponijan, lan bojone teka ing rumah sakit nalika Pak Amat wis seda.
Aspek kang
nonjol ing novel iki yaiku manggon ana ing alur critane. Alure simpel
nanging apik, sing maca digawa menyang crita iki, dadi kaya sing maca bisa
digawa mlebu ing crita iki. Perjuangan bapak sing urip dhewe sabubare perang
gedhe, amarga wis dianggeb anak lan bojone mati. Sadina-dinane dikancani biola, saka biola dheweke bisa
nemokake kanca, bojo lan anake. Nadyan pungkasane ati kang dadi korbane. Basa lan
diksi sing digunakake simpel lan gampang dingerteni. Tema kang diangkat uga entheng,
dadi sing maca ora kudu ping bola-bali maca. Perpaduan unsure sing apik nalika
musik, perang, tresna, kekancan lan keluarga digabung dadi siji. Crita iki bisa dadi piwulang, ing donya iki sing jenenge naluri bapak
menyang anak ora bisa diapusi nadyan wis dipisahake wektu lan panggonan. Lakon
Pak Amat, nggambarake lakon kang sabar lan narima, nadyan amung bisa nyuara ing
reroncen suara biola kang digesek saben dina.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar