Rabu, 03 Desember 2014

Sastra

SINOPSIS NOVEL KADURAKAN ING KIDUL DRINGU DENING SUPARTO BRATA


Judul                           : Kadurakan ing Kidul Dringu
Panyerat                      : Suparto Brata
Penerbit                       : Penerbit NARASI (Anggota IKAPI)
Taun terbit                   : 2014
Jumlah halaman         : 181


Novel iki nyeritaake jaman mbiyen bangsa Indonesia dijajah dening Walanda. Ning kene  dicerita ake yen tempate ning Jawa Timur yaiku kota Probolinggo. Waktu iku Walanda nyerang ning Desa Dringu sawetane Kutha Probolinggo. Keluarga Wimbadi sing nduweni pabrik gula ning Desa Dringu dadi sasarane Walanda. Walanda nduweni niat kanggo nguasai desa iku carane ngusir lan mateni penduduk ning kono. Jaman semono Walanda nganggone bedhil, pistol, lan alat modern liyane. Bangsa Indonesia dewek mung nganggo bambu runcing uga alat apa anane. Nanging semangat penduduk ngono duwur tenan.
Walanda nyerang desa iku karepe ben desa iku sepi ora ana penghunine. Mas Pandam, Wimbadi, lan warga desa liyane pada mlayu potang-pating nylametake awake dhewe-dhewe ben ora dadi korban keganasane Walanda iku. Pas kejadian iku Wimbadi ijeh kober eling karo asu piaraane sing arane tambur, deweke isih kelingan asu iku. Pas warga desa, Mas Pandam, lan Wimbadi pada mlayu Walanda iki nyerang lewat darat karo udara. Pas ana ing tengah-tengah sawah tiba-tiba Mas Pandam kena tembakane Walanda lan sirahe njungkel ning lemah sawahan iku. Wimbadi mung bisa nyekseni yen kakangmase wing ora ana ning donya iki. Wimbadi bingung meh nulungi apa nylametake awake dhewe dhisik. Ora sesuwe mikir mending awake dhewe dhisik sing dislametake.
Esuke Wimbadi lan asu Tambur iku ngungsi ning desa sakidule dringu. Ning kana akeh banget wong sing andon ngungsi, saka desa-desa saliyane iku. Emang desane iku desa terpencil sing jarang ana wong ngerti, Wimbadi lan asu Tambur iku ngungsi ning langgar desa iku namung asu Tambur ora oleh cedhak-cedhak langgar sebabe najis. Tapi asu Tambur ngerti larangan-larangan iku, sedina-dinane tetep wae ngetuti Wimbadi tapi yen Wimbadi arep mulih ning langgar asu iku lunga mbuh ning ndi.
Sewetara wektu Wimbadi durung wani njaluk tulung maring warga kampung masalah jisime Mas Pandam. Wektu iku Walanda isih ana ning sekitar daerah kuwi kanggo mburu korban meneh. Wimbadi nunggu yen keadaane iku pas. Ning pengungsian kono uga akeh wong sing tatu kena bedhilan Walanda sing kejem iku. Kabeh warga padha prihatin saka kedadean kuwi. Para warga ya was-was yen menawa arep golek sandhang pangan merga akeh Walanda sing isih berkeliaran ning desa kui.
Sekirane kondisi desa dringu iku wis lumayan ayem, para warga sing ngungsi ngono nggoleki sedulure sing mati ora ketulung ditembak Walanda. Pada gotong-royong kanggo ngrumat jisime kanti penguburane kang becik. Nanging Wimbadi lali yen jisime kang mase dhewe ana ning ndi. Jebul ana ing tengah-tengah sawah ijeh anteng njungkel ora obah, padharane mlembung, wis akeh laler ijo kang ngrubungi jisime Mas Pandam iku. Dheweke isih bingung meh ngabari menyang bojone sing ning sala. Sebabe keadaane isih ora apik ning kutha kana.
Ning pengungsian Wimbadi akeh kenalan kanca anyar sing senasib karo deweke. Wimbadi karo kanca-kancane iku sering ngontrol karo tilik keamanan ing sekelilinge desa iku kanggo keamanan kabeh pengungsi ning kana. Sawijining dina para pemudha kang ngungsi ngana arep bali niliki omah pie keadaane. Jebul wis murat-marit keadaan desa iku.
Ana kenya ayu ning pengungsian iku jenenge Kingkinarti lan Naraindras. Kenya loro iku dadi pusat perhatiane pemudha-pemudha sing pancen durung olih pasangan. Kanca-kancane Wimbadi ning pengungsian jenenge Dasiyun, Dulmanan, si kembar Martimbang lan Martimbul, Basuki, Ananta, Mas Adi Waluya ketua grub, lan Kusman. Kabeh iku asale saka desa ngendi.
Kabeh pemudha nyusun strategi kanggo gerakan balas dendam maring bangsa Walanda. Para warga desa pada nyiapake tekad kang teteg supaya bisa ngadepi Walanda. Strategi disusun kanggo taktik ngelabuhi Walanda. Walanda dhewe mung wanine petingthang-pethinting yen awan mung klitar-kliter nggolek korban. Mas Adi Waluya iku ketua regu kang mimpin kanggo penyerangan iku. Kabeh strategi wis disusun kabeh anggota manut apa kang dikandaake ketua regu. Berhasil orane iku urusan mburi sing penting para pemudha Indonesia gelem berusaha kanggo merdeka.
Kabeh wis pada manut karo apa sing wis kandaake ketua regu nanging bengi penyerangan iku ndadekake korban yaiku Dul Genuk utawane Dulmanan wong lemu asale Surabaya ning Probolinggo ora duwe keluarga siji-sijia. Dul Genuk kena ketembak wetenge akhire tatu. Sepanjang dalan Dul Genuk dibopong pemudha-pemudha iku. Saking awake lemu tur abot pemuddha-pemudha pada sayah yen mbopong wong iku. Wis ora kuwat meneh mbopong awak lemune iku tekan pengungsian sing ijeh adoh.
Bengi peperangan iku ndadeake awake Dul Genuk tatu mergane wetenge ketembak nanging ora kumucur getihe iku. Mung sing dirasaake Dul Genuk iku lara banget nganti nggal wektu dheweke mung bisa nggremeng “Assszzzzzzz” kelara-lara. Ora bisa tangi apa meneh obah. Yen awak lemune iku obah dheweke nggremenge saya seru. Wong-wong ngono amung bisa nyekseni Dul Genuk kerenta-renta. Banjur ketua regu Mas Adi Waluya iku nduweni niatan nggo nekani dhukun ben Dul Genuk bisa dijampi-jampi ndang mari tatune. Nanging apa barang dhukun kuwi teka ana pos pengungsian malah dheweke ora bisa nangani masalah tatune Dul Genuk. Soale dhukun iku ora bisa njukut peluru sing ana ning njero wetenge Dul Genuk iku. Kabeh padha bingung nggolek cara piye carane yen Dul Genuk iku bisa meneng ora nggremeng kelara-lara tatune. Cara mung siji-sijine ya ngeterake Dul Genuk menyang kutha kanggo berobat ana ing rumah sakit. Nanging apa iya kabeh sangguh mbopong Dul Genuk tekan kutha ya padha golek cara sing ampuh maneh. Kingkinarti kenya ayu iku lan Dasiyun sing ngrumat dul Genuk. Wong loro iku kopen banget, apa menenh Dasiyun kuwat banget tenagane nyanggah awake dul Genuk supaya tatune ora loro. Dheweke apa ora rumangsa sayah nyanggah Dul Genuk nganti sesuwene iku. Kingkinarti kenya ayu iku ya ngrumat supaya Dul Genuk isih tetep kuat.
Cara kang pas wis ditemtoake kanggo Dul Genuk supaya ora nggremeng “Assszzzzz” sing swarane iku ngganggu bengine wong sing ngungsi ning langgar lan ambu pesing sing ana ngana ndadekake pengungsi pada pindha golek papan kang nyaman ora keganggu. Cara mung siji-sijine ya ditembak mati supaya kabeh iku tentrem ora ana sing direpoti. Mung iku, keputusane kang mufakat sing diomongake wong pitu iku. Sapa sing oleh undian kon nembak dul Genuk iku kudu dilakoni lan disumpah supaya ora ana sing curiga karo kematiane Dul Genuk. Jebul Dasiyun sing olih, kanca sing nggal dinane ngrumat awak lemu iku saiki dikon tegel mateni. Apa rasane atine iku. Mung isa pasrah apa sing sijanjeake. Sedurunge esuk tekan dasiyu wis kudu ngilangake nyawane Dul Genuk. Doorrrr tembakan iku dituju nyang Dul Genuk nganggo pistol durakane Wimbadi.
Apa iku arep dadi dosa gedhe sebab mateni wong sing ora ana salah? Iku pikire Wimbadi namung iku cara terakhir sing ana ngatasi iku. Wimbadi ngrasa yen pistole iku wis mateni korban akeh. Semenjak kedadean Dul Genuk iku pemudha pitu mau rada-rada ana sing kurang beres. Ana sing gangguan jiwa, ana sing kena penyakit malaria, lah Dasiyun ijeh nggereng apa sing dilakoni iku ya dosane gedhe. Eh jebul Dasiyu iku duwe pemikiran cethek, deweke bunuh diri mergane dosa mateni wong iku kebayang-bayang nggal dinane. Utang nyawa dibayar nyawa karepe iku. Kabeh kedadean iku penyebabe pistol duraka iku sing ndadekake korban. Iki kabeh pada duraka menyang jisimi Dul Genuk sing ora duwe dosa iku. Iki pada duraka kabeh.
Kondisine wis bedha maneh, wis tentrem, ayem lan nyaman. Walanda kalah menyang bangsa Indonesia sing nduweni patriotismene dhuwur. Wimbadi lan warga liyane wis padha balik menyang omahe dhewe-dhewe pasca penyerangan Wimbadi balik menyang Sala ben bisa ngabari marang mbak yu Pandam yen Mas Pandam wis tewas gugur ning peperangan.
Kingkinarti lagi ngandhut jabang bayi tapi sapa kang dadi bapake iku. Wimbadi nyoba cedak meneh karo Kingkinarti tapi apa malah dheweke ngadohi Wimbadi ora gelem ketemu sebabe dheweke isin yen jabang bayi kang dikandhut kuwi ora ana bapake. Wimbadi nyoba mangerteni iku dheweke ikhlas yen tanggung jawab arep dadi bapake jabang bayi iku. Senadyan iku dudu Wimbadi sing nglakoake.
Sidane Wimbadi lan Kingkinarti mantenan. Jebul anak sing dikandut Kingkinarti iku anake Dul Genuk sing tewas dipateni dening Dasiyun wektu iku. Ora nyana wong lemu iku bisa dadi bapake jabang bayi iki. Wimbadi ngira yen Dasiyun sing nglakoake sebab Dasiyun iku cedhak banget karo Kingkinarti. aWimbadi ikhlas sapa sing dadi dadi bapak jabang bayi iku ora dipermasalahake sebabe dheweke wis ikhlas tulus kanggo urip bareng Kingkinarti.
Novel iki keperangan dadi pirang-pirang bab yakuwi Dringu, 21 Juli 1947, Pistul kang Nggendhong Bilahi, Kenya Aran Kingkinarti, Serangan, Dadi Siksan, Sang Pistul Njaluk Kurban, Neraka ing Kidul Dringu, lan Kadurakan lan Katresnan.
Novel iki nggunakake basa dialek yaiku dialek Probolinggo. Ana sing ora tak mangerteni anggone basa ning novel iki ndadekake aku sing maca novel iki bingung utawane mboseni ora ngerti basane. Nanging alure iki digawe pa, wiwit pertama iki emeng basa sing digunakake ana sing ora dimangerteni nanging alur sing nggawa awake dhewek sing dadi pembaca meh melu kegawa ning ceritane iku. Awake dhewek sing dadi pembaca nduweni gambaran pas jaman semono uga ana peperangan sing situasi lan kondisine digambarake. Konflik-konflik sing ana ning novel iki nggawe penasarane pembaca. Sebabe si pembaca mesti wis nebak ceritane bakal kaya ngene eh jebul beda, permainan alur ceritane ora bisa ditebak dening pembaca. Karepe ben pembaca ora mboseni olehe maca. Sing mulai Dul Genuk iku mati ditembak sebabe ora ana sing bisa nambani tatune. Jebul Kingkinarti ngandut jabang bayine Dul Genuk. Iku sing sedurunge dikira pembaca iku ora ana kedadeane. Ning mburi cerita dibeberake kedadean sing emang ditokna kanggo pembaca supaya rasa penasarane pembaca bisa kewaca saka cerita iku.

Menurute aku novel iki apik nanging basa lan ning awal cerita ndadekake pembaca bosen. Ora ngerti basane lan ning akhir cerita iki jebul dijlentrehna kabeh. Cerita Kadurakan ing kidul dringu iku ya bener amarga sebab utawane iku pistol Walanda sing dijupuk dening Wimbadi iku sing bisa Dul Genuk lan Dasiyun iku dadi korban keganasane. Desa sakidule dringu iku diarane desa durakan sebabe ya iku kabeh larangan dilanggar ndadekake durakane marang wong sing ngkono. Nanging kabeh mau kabayar dening Wimbadi sing gelem tanggung jawab rabi karo Kingkinarti sing lagi ngandhut jabang bayini alm.Dul Genuk iku. Pancen Wimbadine wae sing tetep demen karo Kingkinarti. 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar