Jumat, 09 Januari 2015

Ketilang


Wulan desember iki operasi Zebra akhir taun dianakake kanggo nertibake para pengendara montor lan mobil. Ana sedihe lan ana senenge yen ana operasi Zebra iki nanging kadang kala ana oknum sing nyeleweng utawane curang manfaatna kesempatan iki kanggo nggolek dhuwit haram.
Jaman saiki motor gaweyane Jepang kayadene Yamaha lan Honda iku meh saben irung nduweni. Ora sing tuwa ora sing cilik meh nduwe montor kabeh nanging durung pada sadar aturan lalu lintas. Ana sing durung duwe SIM utawane Surat Ijin Mengendara ana sing durung cukup umure nanging wis bisa nggawe SIM cara kasare nembak umur. Saiki sing salah sapa yen bocah durung cukup umur wis digawani montor.
Ning Jl. Ar.Hakim pinggiran kae ana oprasi gabungan saka Polri kanggo nertibake pengguna kendaraan bermotor. Pak Badrun sing kadohan weruh oprasi montor iku sajake kaget arep puter balik ora ngliwati mrana dene Pak Agus bablas wae merga ngrasa dheweke pengguna montor sing tertib lalu lintas. “ Pritttt,prittt, prittt” sempritane Pak Polisi kanggo pak Badrun sing arep menggok golek dalan liya nanging wis kepergok ora nganggo helm.
“Selamat pagi Pak, bisa tunjukkan STNK dan SIM” jare Pak Polisi sing lagi nertibake montor liyane uga.
“Ngapuntene nggeh pak.,hehe SIM lan STNK kula mboten kula bekta menawi wangsul malih mendhet SIM pripun?” semaure Pak Badrun karo gugup lan gawe guyon Pak polisine.
Karo nuduhke surat tilang pak polisine menehi pilihan mending kena denda tilang apa sidang. Pak Badrun sing pisanan iki kena tilang rada bingung olehe nanggepi. Polisine malah nggawe angele proses tilange Pak Badrun sing kareben mbayar denda wae ora susah melu sidang.
“Pak aku melu sidang wae,lah wong aku taat karo aturane”semaure pak Badrun sing wis ngrasa jengkel proses tilange diangel-angel dening Pak Polisine. Akhire Pak Badrun njaluk cepet-cepet rampung supaya menyang pasare ora kawanen.
Ana maneh pelajar SMP sing arep mangkat sekolah. Budi lan Ari sajake padha-pada ora nduweni SIM. Bocah loro iku ayem-ayeman wae ora ngerti yen ana oprasi zebra.
“Bud, iki motormu ana STNKne ora?” ngomonge Ari karo glagepan ndelok Polisi.
“Ana ri, ana nanging ketoke ora tak gawa iki ri. Apa mbalik dalan wae?” omonge Budi karo ngrogoh dompet nggolek STNK.
“Waduh, wis kasep sempriti iki ora bisa ngabur iki, Bud”

“Lah ya piye iki, Ri”
“Selamat pagi adik, bisa tunjukan STNK dan SIM?” ujare Pak Polisi karo hormat.
“Waduh Pak,kula mboten ngasta STNK lan SIM saiki Pak Polisi njaluke duit pira wis” jare Budi sing rada gugup merga wis meh jam 7.
“Maaf adik ini berusaha untuk menyogok kami petugas Polisi, mending adik kami bawa ke kantor Polisi supaya bisa memberikan keterangan selanjutnya” semaure Pak Polisi karo nada nesu.
“Aduh, koe ta Bud bud nek dadi bocah ya aja kemaki. Ngurmati pegawe negara iki loh” omonge Ari karo keweden arep digawa menyang kantor Polisi.
“Pak Polisi njaluk pangapurane aku lan kancaku, kancaku iki lagi sempoyongan ngomonge nglantur” Ari karo mohon-mohon supaya ora digawa menyang kantor Polisi.
“Iya, iya Pak aku iki ngomong ora sadar Pak” kandhane Budi karo njaluk ngapura.
“Ora bisa, kowe wong loro kudu oleh pendidikan supaya ora asal ngomong” jare Polisi sing tambah nesu.
Ari lan Budi digawa menyang kantor Polisi kanggo tanggung jawab karo omongane sing ora bener menyang anggota Polisi. Budi ngrasa salah karo omongane iku sebabe dheweke kepikiran yen arep cepet-cepet tekan sekolah.
Sak tekane ning kantor polisi Budi lan Ari ditakoni
“Jenenge mas-mas iki sapa?” Pak Doni polisi sing nakoni Ari lan Budi.
“Kula Budi lan iki kanca kula Ari, Pak Polisi kula niki Pelajar aja ditahan ning penjara ya Pak” semaure Budi karo nyembah-nyembah pak Polisine.
“Ora bakal ditahan kok dik, kowe iki isih pelajar nek ngomong aja sembarang omong kaya wong ora nduwe pendidikan” ujare Pak Doni.
“Inggih Pak, wau kula mboten sadar menawai ngomong kadong ngoten kalih anggotane Bapak. Lha wong kula niki kesusu wis arep jam 7 ndak telat sekolahe” semaure Budi karo ndingkluk sirahe.
“Ya saiki ngene wae, kowe tak kon nyapu-nyapu ning kene lan kancamu tak kon nyirami tanduran
“Ora papa Pak,nanging mboten dibui ta Pak” ujare Budi karo nyalami tangan bapak Polisine.
“Kowe iki nek ngomong dijaga supaya ora ngene digawe pelajaran kanggo lambemu iku sing nyeplos” omonge Ari karo nesu maring Budi.
Bubar resik-resik Kantor Polisi bocah loro mau banjur ditekokake sekolah lan alamate ning ngendi supaya wong tuwane ngerti yen anake lagi dididik ning Kantor Polisi. Ora lali Pak Polisi nekoki STNK lan SIM.
“Wis rampung ta pegaweyanmu?” omonge Pak Polisi
“Inggih sampun Pak,oleh balik saiki ta Pak?” semaure Ari sing wis ora betah ning Kantor Polisi iki.
“Durung,durung,endi STNK lan SIM mu?”
“Waduh Pak, STNKku ketinggalan ngomah, mbuh iku Ari nduwe SIM apa ora” kandhane Budi karo nuding Ari.
“Loh aku ora nduwe SIM ta Bud, wong kowe ngerti dhewe aku durung 17 taun” semaure Ari karo rada nesu.
“Wis-wis bocah durung umure wis numpaki motor, bal-balan ning lapangan wae rana” semaure Pak Doni karo nesu maring bocah loro iku.
“Inggih Pak,kula kan pelajar SMP isih kurang umur yen nggawe SIM iku kudune 18 taun”omonge Budi.
“Wis-wis saiki dak tilang wulan ngarep wong tuwamu sing mbok melu sidang saiki lunga saka kene wae kowe” Pak Doni tambah nesu.
Budi lan Ari akhire balik neng omah ning ndalan Budi ngomong yen arep nyilih duit kanggo mbayar SPP.
“Bejo tenan dhewe wis kon muleh ya ri, eh ngomong-ngomong aku arep nyilih duit ri kanggo aku mbayar SPP” omonge Budi karo ngrayu Ari.
“Halah aku ora meh untangi kowe neh,iki wae apes kena tilang gara-gara kowe kok. Wis-wis ora”jare Ari karo nesu.
“Kowe iki pelit temen ta karo kanca” semaure Budi karo nesu merga ora disilihi duit.
Tekan omah Budi cerita karo Ibune perkara ketilang mau ning kantor polisi.
“Bu, mau pas arep mangkat sekolah aku ketilang” omonge Budi karo nada memelas.
"lha ketilang ning endi?” semaure ibune Budi sing kaget.
“Ning tikungan pos Polisi iku bu nanging mau aku malah salah ngomong karo Polisine”
“Ana apa le,kayane bapak krungu kowe kas ketilang” semaure bapake Budi sing nembe balik saka macul ning sawah.
“Iya Pak,lah wong STNK motore kan disimpen Bapak aku lali ora nggawa”.”Wis lah iki apesku Pak, ketemu Polisi”semaure Budi karo  ngrasa salah.
“Kowe wis dikandhani yen aja motoran nyang sekolah ngeyel”
“Inggih Pak,oh iya Pak wulan ngarep Bapak wae ya sing mangkat sidang ning pengadilan perkara ketilang iki” Budi ngrayu Bapake
“Ora bisa, wulan ngarep ya keluarga kene arep nyatus mbahmu iku” kandhane Bapak
“Lah ya piye Pak,dak telpon Pakdhe wae ya kanggo nggenteni bapak”
“Ya kana, telpon Pakdhemu wae”

“Wis-wis pak aja nesunan ngono karo Budi” jare ibune Budi ngomong karo bapake.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar